Senin, 24 April 2017

Asal Usul Desa Gadu, kecamatan Sambong

Silahkan di baca artikelku ya !!! Pada kesempatan ini saya akan membagikan cerita yang berasal dari Gadu. Gadu adalah salah satu desa yang ada di Kabupaten Blora, lebih tepatnya berada di Kecamatan Sambong. Berikut adalah konon ceritanya...

         ASAL USUL DESA GADU

     Ing jaman biyen, ana desa kang nduweni adat istiadat sing dilaksanakake setiap taune. Adat iku diarani manganan (sedekah bumi). Sedekah bumi iku silaksanakake kanthi 3 urutan :

1). Bancakan ing soringin (dibawah pohon beringin) sing letake ing tengah desa iku.

2). Bancakan ing sumur.

3). Mbagi berkat ing bakul-bakul (pedagang) kang ana ing sekitare.

     Adat manganan iku dimeriahke karo hiburan-hiburan, kayata tayub, sindir, ketoprak lan liya-liyane lan ana akeh bakul ing sekitare. Awale acara iku kadadean kanthi tentrem lan apek-apek wae. Nanging pas wayah mendak surup, acara iku dadi rusuh lan ora karu-karuan.

     Ana bayangan awujud macan kang ngrusak acara iku. Nanging bayangan macan iku ora ana wujud asline. Amarga ora ana wujud asli macane, mula karo warga sekitar diarani macan gadungan utawa gerohan.

      Saka kadadean iku akhire warga sekitar njenengi desa iku Desa Gadu. Gadu saka tembung GADUngan.

     Sekian cerita dari saya. Saya mendapat cerita tersebut dari teman saya yang tinggal di Desa Gadu, Kecamatan Sambong, Jawa Tengah.
     Terima kasih. Jumpa lagi di lain kesempatan yaa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar