Kamis, 23 Maret 2017

Sulasmi Iseh Ngenteni

Selamat Pagi dan semangat pagi semuaaa...
Kali ini kalian ada di erwind hood's blog !!
Blog yang ngebahas semua tentang hal-hal yang dianggap aneh dan menarik tentunya hehehe...

       MITOS RAKYAT NGELO
  "SULASMI ISEH NGENTENI"

     Ing jaman biyen ana wong wadon ngelo ayu banget jenenge Sulasmi. Wong iku biyen dadi pembantune wong londo. Ing sawijining dina wong wadon iku lagi ngenteni pacare ing depo loko, nanging pacare Sulasmi suwi ora ndang teko - teko. Sulasmi terus ngenteni kanthi suwe, sampek diparani wong londo lan diculik paksa kanggo menuhi napsu birahine wong londo. Sulasmi keronto - ronto, nangis njaluk tulung wong - wong, ananging ora enek sing wani mbelani Sulasmi. Lajeng iku Sulasmi disiksa lan dipateni wong londo lan dibuang mayate.

     Miturut ceritane warga Ngelo, Sulasmi iseh ngenteni pacare ing depo loko kui nganggo kebaya putih, jarikan lan rambut dowo nganti saiki.