Jumat, 28 April 2017

Asal Usul Desa Sumber Kecamatan Kradenan

Jumpa lagi di Blog saya!!!
Pada kesempatan kali ini, saya ingin berbagi cerita untuk kita semua yaitu tentang Asal  Usul Desa Sumber...

        ASAL USUL DESA SUMBER
    
     Ing jaman biyen, ana saudagar sing sekti saka Negara Cina. Sing arep numpak layar ning Tuban, Jawa Timur. Ananging duwe karep ora ape dagang nanging arep njajal kasekten. Saudagar iku jenenge    Bacak Ngilau sing pengen njajal kasektene karo Sunan Bonang (Raden Ma'dum Ibrahim) saka Tuban.

     Sajroning peperangan, Bacak Ngilau mlebu ning jerone lemah lan dioyak karo Sunan Bonang nganti metu meneh saka njero lemah yaiku ning Desa Menden, sing saiki diarani Goa Sentono. Metune Bacak Ngilau iku awujud Goa ning pinggir Bengawan Solo Desa Menden. Sakwise Bacak Ngilau ngakoni kasektene Sunan Bonang, banjur Bacak Ngilau dadi panutane Sunan Bonang. Sakwise perang karo Bacak Ngilau mula Sunan Bonang bali ning Tuban.

     Ning lakune nglewati desa, wektu iku wis mathuke wektu solat. Kanggo nglaksanakake solat, Sunan Binang golek banyu  kanggo wudhu nganggo kasektene. Amarga sakkupengane mau ora ana banyu. Pungkasane Sunan Bonang ngencepna teken (tongkat) ning lemah karo nenuwun marang Gusti kang Maha Kuwaos supaya diparingi banyu. Panyuwune dikabulke marang Gusti Allah.banjur metu sumber banyu sing bening lan suci saka bekas teken (tongkat) mau, sakteruse Sunan Bonang wudhu lan solat. Lan saiki daerah iku diarani DESA SUMBER.

Terima kasih...dan sampai jumpa di posting an selanjutnya yaa :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar