Jumat, 28 April 2017

Asal Usul Desa Sumber Kecamatan Kradenan

Jumpa lagi di Blog saya!!!
Pada kesempatan kali ini, saya ingin berbagi cerita untuk kita semua yaitu tentang Asal  Usul Desa Sumber...

        ASAL USUL DESA SUMBER
    
     Ing jaman biyen, ana saudagar sing sekti saka Negara Cina. Sing arep numpak layar ning Tuban, Jawa Timur. Ananging duwe karep ora ape dagang nanging arep njajal kasekten. Saudagar iku jenenge    Bacak Ngilau sing pengen njajal kasektene karo Sunan Bonang (Raden Ma'dum Ibrahim) saka Tuban.

     Sajroning peperangan, Bacak Ngilau mlebu ning jerone lemah lan dioyak karo Sunan Bonang nganti metu meneh saka njero lemah yaiku ning Desa Menden, sing saiki diarani Goa Sentono. Metune Bacak Ngilau iku awujud Goa ning pinggir Bengawan Solo Desa Menden. Sakwise Bacak Ngilau ngakoni kasektene Sunan Bonang, banjur Bacak Ngilau dadi panutane Sunan Bonang. Sakwise perang karo Bacak Ngilau mula Sunan Bonang bali ning Tuban.

     Ning lakune nglewati desa, wektu iku wis mathuke wektu solat. Kanggo nglaksanakake solat, Sunan Binang golek banyu  kanggo wudhu nganggo kasektene. Amarga sakkupengane mau ora ana banyu. Pungkasane Sunan Bonang ngencepna teken (tongkat) ning lemah karo nenuwun marang Gusti kang Maha Kuwaos supaya diparingi banyu. Panyuwune dikabulke marang Gusti Allah.banjur metu sumber banyu sing bening lan suci saka bekas teken (tongkat) mau, sakteruse Sunan Bonang wudhu lan solat. Lan saiki daerah iku diarani DESA SUMBER.

Terima kasih...dan sampai jumpa di posting an selanjutnya yaa :)

Selasa, 25 April 2017

Lirik Lagu "Gambang Semarang"

            GAMBANG SEMARANG

Ampat penari kian kemari jalan berlenggang, aduh?

Langkah gayanya menurut suara irama gambang

Sambil bernyanyi, jongkok berdiri kaki melintang, aduh?

Sungguh jenaka tari mereka
tari berdendang

Reff:

Bersuka ria, gelak tertawa
semua orang

Karena hati tertarik gerak-gerik si tukang gendang

Ampat penari membikin hati
menjadi senang, aduh?

Itulah dia malam gembira
Gambang Semarang

Matur nuwun...

Lirik Lagu "Padhang Wulan"

                  PADHANG WULAN

Yo ‘pra kanca dolanan ing jaba

Padhang wulan padhange kaya rina

Rembulane e sing awe-awe

Ngelingake aja padha turu sore

Yo ‘pra kanca dolanan ing jaba

Rame-rame kene akeh kancane

Langite pancen sumebyar rina

Yo padha dolanan sinambi guyonan

Matur suwun...

Lirik Lagu "Jaranan"

Lagu Jaranan ini asli dari Jawa Tengah...


                             JARANAN

Jaranan . .. Jaranan

Jarane jaran teji

Sing numpak ndoro Bei

Sing ngiring poro abdi

Cek cek nong … cek cek gung

Jarane mlebu ning lurung

Gedebuk krincing … Gedebuk krincing

Gedebuk krincing … prok prok

Gedebuk jeder (2x)

Jaranan . .. Jaranan

Jarane jaran kepang

Sing nunggang klambi abang

Mlakune ndhut ndutan

Cek cek nong … cek cek gung

Jarane mlebu ning lurung

Gedebuk krincing … Gedebuk krincing

Gedebuk krincing … prok prok

Gedebuk jeder (2x)

Jaranan . .. Jaranan

Jarane jaran kore

Ora ono kendaline

Jarane mlayu dewe

Cek cek nong … cek cek gung

Jarane mlebu ning lurung

Gedebuk krincing … Gedebuk krincing

Gedebuk krincing … prok prok

Gedebuk jeder (2x)

Matur nuwun...

Lirik Lagu "Lir Ilir"

Sugeng enjing kanca-kanca !!

                             LIR ILIR

Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir

Tak ijo royo royo

Tak sengguh panganten anyar

Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi

Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira

Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir

Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore

Mumpung padang rembulane

Mumpung jembar kalangane

Sun suraka surak hiyo


Matur suwun....

Lirik Lagu "Gundhul Pacul"

             GUNDHUL PACUL

Gundhul-gundhul pacul-cul
Gembelengan

Nyunggi-nyunggi wakul-kul
Kelelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak latar

Wakul ngglimpang segane dadi sak latar

Lirik Lagu "Gambang Suling"

                   GAMBANG SULING

Gambang suling

Kumandhang suarane

Thulat thulit kepenak unine

Uuu…uuu…uuu…uuu…unine mung

Nrenyuhake baa…reng

Lan kentrung ke…tipung suling

Sigrak kendhangane

reff : kembali ke atas.

Matur suwun...

Lirik Lagu "Cublak-Cublak Suweng"

Sugeng siang kanca-kanca
Monggo dipirsani nggih...

            CUBLAK-CUBLAK SUWENG

Cublak-cublak suweng, suwenge teng gelenter.

Mambu ketundhung gudel, pak empo lera-lere.

Sopo ngguyu ndhelikake, sir-sir pong dele kopong.

Sir-sir pong dele kopong, sir-sir pong dele kopong.

Cerita Terjadinya Dukuh Merah

Selamat Pagi teman-teman semuanya!!!
Kali ini saya bakal nge-share cerita singkat, yang mungkin saja bisa bermanfaat buat kalian nih guys...

Check it out !!

  CERITA TERJADINYA DUKUH MERAH

     Ing jaman biyen, ing daerah sebelah timur kutha mblora tepate ing dukuh Merah desa Mulyorejo, Cepu. Keuripan ing desa kang akeh penghunine lan cukup makmur. Kemakmuran lan kesejahteraan warga sing nggawe penjajah seneng lan pengen nguasai daerah iku.

     Sawetara dina, penjajah teka kanggo nguasai daerah iku. Ananging penduduk pribumi ora terima karo apa sing wis dilakokake para penjajah ning penduduk pribumi.

     Salah sawijining dina, penduduk pribumi ngadakna perlawanan kanggo para penjajah. Senjata sing digunakake yaitu pring sing landep (bambu runcing). Uga akeh sing padha ndelik ing kalen, kanggo nggenteni liwate para penjajah. Lan penduduk pribumi berhasil mateni penjajah. Lan getih para penjajah mblabar ngebeki sepanjang dalan.

     Saka kadadean iku, daerah perang iku mau diarani MERAH.

Terima kasih. Dan jangan bosan-bosan yaa...
#salamjasmerah

Senin, 24 April 2017

Lirik Lagu "Lungiting Asmoro" dan artinya

Selamat pagi semuanya!!
Monggo pirsani...

                 LUNGITING ASMORO

Seprene nggonku ngenteni janji
Sampai sekarang ku menunggu janji

Iki prasetyaning ati
Ini kesetiaan hati

Kadung tresno ning sliramu duh cah ayu
Terlanjur cinta kepadamu hai sayangku

Ra eling dino lan wektu
Tak ingat hari dan waktu

Ning ati katon ra biso ilang
Di hati terlihat tak bisa hilang

soyo suwe soyo ra karuan
Semakin lama semakin tak karuan

Snadyan mung tansah anggadhang
Walaupun hanya selalu berharap

aku samar yen sliramu ra kelingan
Aku takut jika dirimu tak ingat

Wong ayu tak anti-anti
Sayangku yang ku tunggu tunggu

Jo pijer semoyo wae
Jangan hanya beralasan

Aku tresno karo kowe. . .
Aku cinta kepadamu

Tegane atimu soyo gawe loro
Teganya hatimu semakin membuat sakit

Iku ra prayogo
Itu tidak baik

Aku ora bakal mundur. . . .
Aku tak akan mundur

Aku ora bakal mlayu. . .
Aku tak akan lari

Yen durung nyanding sliramu
Jika belum bersanding denganmu

Ukuraning tresno dudu bondho nanging lungiting asmoro
Ukuranya cinta bukan harta tetapi cinta yang berasal dari hati

Asal Usul Desa Gadu, kecamatan Sambong

Silahkan di baca artikelku ya !!! Pada kesempatan ini saya akan membagikan cerita yang berasal dari Gadu. Gadu adalah salah satu desa yang ada di Kabupaten Blora, lebih tepatnya berada di Kecamatan Sambong. Berikut adalah konon ceritanya...

         ASAL USUL DESA GADU

     Ing jaman biyen, ana desa kang nduweni adat istiadat sing dilaksanakake setiap taune. Adat iku diarani manganan (sedekah bumi). Sedekah bumi iku silaksanakake kanthi 3 urutan :

1). Bancakan ing soringin (dibawah pohon beringin) sing letake ing tengah desa iku.

2). Bancakan ing sumur.

3). Mbagi berkat ing bakul-bakul (pedagang) kang ana ing sekitare.

     Adat manganan iku dimeriahke karo hiburan-hiburan, kayata tayub, sindir, ketoprak lan liya-liyane lan ana akeh bakul ing sekitare. Awale acara iku kadadean kanthi tentrem lan apek-apek wae. Nanging pas wayah mendak surup, acara iku dadi rusuh lan ora karu-karuan.

     Ana bayangan awujud macan kang ngrusak acara iku. Nanging bayangan macan iku ora ana wujud asline. Amarga ora ana wujud asli macane, mula karo warga sekitar diarani macan gadungan utawa gerohan.

      Saka kadadean iku akhire warga sekitar njenengi desa iku Desa Gadu. Gadu saka tembung GADUngan.

     Sekian cerita dari saya. Saya mendapat cerita tersebut dari teman saya yang tinggal di Desa Gadu, Kecamatan Sambong, Jawa Tengah.
     Terima kasih. Jumpa lagi di lain kesempatan yaa